Île de la Cité

Notre Dame de Paris ingkang wonten ing Île de la Cité saking sisih hulu (ing sisih wétan)

Île de la Cité inggih punika kalebet salah satunggal saking kalih pulo ingkang alami ingkang wonten ing Lèpèn Seine ing kitha Paris (déné ingkang sanèsipun inggih punika Île Saint-Louis, Île des Cygnes ingkang kekalihipun inggih minangka pulo ingkang boten alami utawi ingkang dipundamel déning manungsa).[1] Île de la Cité inggih punika minangka punjering kitha Paris lan papanipun minangka wonten kitha ing abad kaping tengahan sasampunipun dipunyasa malih.

Wonten ing sisih kulon saking pulo Île de la Cité punika wonten satunggaling pura ingkang sampun wonten wiwit jamanipun Morovingian lan ing sisih wétan, ing wekdal ingkang sami ugi sampun dipunsucèni satunggaling yasan khususipun inggih sasampunipun dipunyasa katedral ing abad kaping 10 ingkang sapunika sampun dados yasan Notre Dame. Déné siti ingkang wonten ing tengah- tengahipun pucuk mau, ngantos taun 1850 an inggih dipundadosaken papan dumunung warga lan ugi papan kanggé dodolan. Nanging sasampunipun dipunisèni déning Prefecture de Police, Palais de Justice, griya sakit Hôtel-Dieu lan Tribunal de Commerce, namung ingkang wonten ing sisih paling kulon lan wétan radi lor pulo punika ingkang taksih dipundadosaken papan dumunungipun warga ngantos sapunika lan ugi dipundadosaken dalemipun para canon utawi pandhita ing abad kaping 16.

Pemandhangan

The Île de la Cité dipuntingali saking kulon, pérangan hilir

Tigang yasan ingkang wonten ing abad tengahan ing Île de la Cité (urut saking wétan lajeng ngantos sisih kulon), inggih kados makaten:

  • Katedral Notre Dame de Paris, dipunyasa ing taun 1163 wonten ing satunggaling situs gréja ingkang dipuntedahaken dhateng Saint Étienne, lan dados ingkang saged netepi situs suci pagan ing jaman kuasanipun Romawi. Nalika ing sadangunipun wonten repolusi Prancis, katedral punika kénging risak ingkang radi parah lan salejengipun dipundandosi malih déning Viollet-le-Duc.
  • Sainte-Chapelle ingkang dipunyasa déning Louis IX saking Perancis ing taun 1245. Wangunan punika dipunyasa kanggé papan nyimpen bandha - badha wonten ing yasan Crown of Thorns lan minangka péranganing True Cross, ingkang ketutup ing salebeting Palais de Justice.
  • Kunjara Conciergerie wondene ing mriku Marie Antoinette nengga kanggé dipunadili ing taun 1793.[2]

Kendharaan

Île de la Cité kaubung kaliyan sadaya pérangan Paris ingkang dipunubungaken kanthi wontenipun kreteg ing kalih pinggiring kali lan dhateng Île Saint- Louis. Déné kreteg ingakng paling sepuh inggih punika Pont Neuf (Kreteg Enggal) ingkang mapan wonten ing sisih pucuk kulon saking pulo Île de la Cité punika.

Pulo Île de la Cité gadhah satunggaling stasiun inggih punika stasiun Métro de Paris, Cité (Métro de Paris) lan stasiun RER Saint-Michel-Notre-Dame ingkang wonten ing sish=ih pinggir wétan ingkang gadhah lawang kanggé medal ing taman sak ngajengipun Katedral mau.[3]

Cathetan suku

  1. The Île aux Cygnes is artificial.
  2. L’Île de la Cité- current photographs and of the years 1900].
  3. [cite book |last=de Brunhoff |first=Jacques |year=1987 |title=La place Dauphine et l'île de la Cité |location=Lyon |publisher= |isbn=2904638997]

Koordhinat: 48°51′17″N 2°20′51″E / 48.85472°N 2.34750°E / 48.85472; 2.34750