Addis Ababa (basa Amhara አዲስ አበባ, "kembang anyar") iku kutha krajanEtiopia. Addis Ababa ndarbèni status kutha lan provinsi. Kutha iki nduwé punjul 80 bebrayan kang wicara sajeroning 80 basa, lan komunitas Kristen lan Muslim. Dunungé ana ing 9°1'60" Lintang Lor, 38°42' Bujur Wétan (9.0333, 38.7). [1]
Panggonan iki dipilih déning Ratu Taytu Betul lan diyasa ing taun 1886 déning garwané, Maharaja Menelik II, lan saiki kang ndunungi watara 4 yuta jiwa, kanthi tuwuhing kang ndunungi taunan 8%.
Kutha iki dumunung ing sikilé Gunung Entoto lan digayutaké karo mancanagara liwat Papan Anggegana Internasional Bole. Addis Ababa uga ndarbèni jalur sepur menyang Djibouti.
Fosil kerangka manungsa purba "Lucy" (ing Ethiopia diarani Dinkinesh) disimpen ing musiyum nasional ing Addis Ababa.
Subbagéan2
Pranala njaba
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Addis Ababa.