Aksara Lontara iku aksara tradhisional masarakat Bugis-Makassar. Wangun aksara lontara miturut budayawan Prof Mattulada (alm) asal saka "sulapa eppa wala suji". Wala suji asal saka tembung wala sing tegesé pamisah/pager/penjaga lan suji tegesé putri. Wala Suji iku sajinis pager pring sajeroning acara ritual sing wangun belah kupat. Sulapa eppa (patang sisih) iku wangun mistis kaprwcayaan Bugis-Makassar klasik sing nyimbulaké susunan alam semèsta, geni-banyu-angin-lemah. Aksara lontara iki lumrahé dianggo nulis tata aturan papréntahan lan kamasarakatan. Naskah ditulis ing godhong lontar migunakaké sada utawa kalam sing kagawé saka duk kasar (kira-kira sagedhé sada).
Lontara sajeroning Aksara Lontara Konsonan Lontara
Stenografi silabis Boyd · Penduduk asli Kanada · Ge'ez · Aksara braille Jepang · Kharoṣṭhī · Meroe · Stenografi Pitman · Aksara Pollard · Sorang Sompeng · Tāna · Stenografi alami Thomas