Andhuk
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b2/Terrycloth_towel.jpg/250px-Terrycloth_towel.jpg)
Andhuk ya iku salembar kain utawa kertas kang bisa nyerep cuwèran utawa banyu.[1] Andhuk minangka ngelap utawa nggaringaké awak, tangan kang teles amarga kringet utawa banyu.[1] Andhuk uga kanggo ngelap rambut sawisé kramas.[1] Tembung andhuk asala saka basa Walanda ya iku saka tembung handdoek.[1]
Jinis
Jinis andhuk miturut ukuran ambané lan fungsiné ana telu.[1]
- Andhuk kang minangka nggaringaké awak sawisé adus.[1]
- Andhuk kang ukurané luwih gedhé saka angdhuk kang kanggo adus lan minangka turonan ing pinggir sagara.[1]
- Andhuk kang ukurané luwih cilik saka andhuk kang kanggo adus lan gunané kanggo nggaringaké utawa ngelap tangan.[1]
Kena ing guna
Saliyané kanggo nggaringake awak sawisé adus, andhuk uga kena dimanfaataké kanggo bebungah utawa kado ulang taun lan ing acara nganténan.[1] Kajaba iku andhuk uga kena kanggo bahan nggawé kerajinan tangan kaya ta tikus-tikusan, bébék-bébékan kang bakalé dibungkus kaya parsél lan diwénéhi bahan-bahan liyané kanggo rerenggan utawa assesoris.[1] Andhuk uga digunakaké tukang cukur kanggo nutupi awaké wong kang dicukur rambuté supaya ora kena rambut kang wis di kethok.[1] Andhuk uga kena kanggo ngelap kringet nalika ulah raga.[1] Lumrahé andhuk dicénthélaké ing gulu nalika lagi lumaku-lumaku utawa lumayu-lumayu ing wayah ésuk utawa soré.[2]
Cathetan suku
en Towell