Anjasmara

Anjasmara
LairAnjasmara Prasetya
PakaryanArtis
Taun aktif1993 - saiki
BojoDian Nitami
AnakSasikirana Zahrani Asmara
Arka Setya Andipa Asmara
Amanda Annette Syariff (anak angkat)
Aldi Syariff (anak angkat)

Anjasmara Prasetya (lair ing Blitar, Jawa Wétan, 13 Novèmber 1975; umur 49 taun) ya iku juru main filem Indonésia.[1] Anjasmara miwiti kariré dadi modhèl.[1] Sawisé iku dhèwèké banjur main ing sinétron.[1] Jeneng Anjasamara sangsaya misuwur nalika Anjasmara main sinétron kang judhulé Romi dan Juli.[1] Anjasmara main ing sinétron iki karo pasangané kang jenengé Dian Nitami.[1]

Sanajan sabeneré Anjasmara kepéngin dadi modhèl, nanging Anjasmara malah sangsaya sibuk main sinétron.[1] Aktingé dadi wong lanang kang endong lan lucu ing sinétron kang judhulé Si Cecep ndadèkaké Anjasmara éntuk bebungah ing SCTV Award kategori aktor paling populèr.[1]

Ing filem layar amba, aktor kang akrab diundang Anjas iki tau meranaké dadi bapak ing filem Joshua, Oh, Joshua nalika taun (2000).[1]

Anjasmara tau dituntut déning sawijining organisasi massa kaagaman.[2] Kasus iki kadadéan amarga foto-foto nglegenané karo Isabel Yahya ing Paméran CP Biennale taun 2005.[2] Foto-foto iki dianggep ngracuni génerasi anom lan ana unsur pornografiné.[2]

Anjasmara nikah karo aktris Dian Nitami lan nduwé anak loro.[2] Anaké Anjasmara jenengé Sassi Kirana Asmara lan Arka Setyaandipa Asmara.[2] Saliyané iku Anjasmara lan Dian Nitami duwé anak angkat kang jenengé Amanda Annette Syariff lan Luther Syariff.[2]

Anjasmara duwé awak kang dhuwuré 175 cm.[1]

Filmografi

Film kang dibintangi Anjasmara.[2]

  • Joshua, Oh, Joshua (2000)
  • Koper (2006)

Sinétron

Sinétron kang dibintangi Anjasmara.[1]

  • Romi Dan Yuli
  • Mutiara Cinta
  • Wah Cantiknya!!!
  • Wah Cantiknya!!!2
  • Si Cecep
  • Mukjizat Allah
  • Cintaku Di Rumah Susun
  • Cinta Indah
  • Sulaiman
  • Cinta Indah 2
  • Indahnya Karunia Mu
  • Titipan Illahi
  • UFO
  • Anugerah

FTV

FTV kang dibintangi Anjasmara.[1]

  • Ia Yang Terindah

Kuis

Kuis kang dipandhu Anjasmara.[1]

  • 1 Lawan 100

Chatetan sikil

  1. a b c d e f g h i j k l Profil lan berita di KapanLagi.com(diaksès tanggal 9 Juli 2011)
  2. a b c d e f g thejakartapost.com Archived 2011-06-07 at the Wayback Machine.(diaksès tanggal 9 Juli 2011)