Commelinales

Commelinales
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Commelinales
Suku

pirsani tèks.

Commelinales iku salah siji bangsa tetuwuhan ngembang sing kalebu sajeroning klad commelinids (”core monocots”), monocots miturut Sistem klasifikasi APG II). Bangsa iki uga diakoni minangka takson sajeroning sistem klasifikasi Cronquist lan kacakup sajeroning anak kelas Commelinidae, kelas Liliopsida.

Ana limang suku tetuwuhan sing kagabung ing jeroné miturut sistem APG II:

  • Commelinaceae (kanthi watara 650 spésies)
  • Haemodoraceae (kanthi watara 75 spésies)
  • Hanguanaceae (rong jinis saka Asia tropis)
  • Philydraceae (limang jinis saka Asia tropis)
  • Pontederiaceae (kanthi watara telung lusin jinis anggota sing urip ing perairan, kalebu eceng gondhok).

Sajeroning Sistem Cronquist Commelinales anggotané Commelinaceae lan telung suku sing sajeroning sistem APG II dilebokaké sajeroning Zingiberales.