Embah

Aksara Latin
     
Kang Katresnan – Kaki lan Putu, déning Georgios Jakobides (1890)

Embah (simbah) utawa éyang, sing sacara ngijèn ditepungi minangka kaki lan nini, embah lanang lan embah wadon, utawa éyang kakung lan éyang putri yaiku wong tuwané bapa utawa ibu sasawong, saka sisih bapa utawa ibu. Saben titah urip sing mbranah sacara sèksual sing dudu kiméra génétik nduwéni sakèh-akèhé patang embah génétis, wolung embah buyut génétis, nembelas canggah génétis, telung puluh loro warèng génétis, sawidak papat udheg-udheg génétis, lsp. Ing sajarah umat manungsa modhèren, sakupengé 30.000 taun kapungkur, gunggung manungsa modhèren sing urip nganti dadi embah wis mundhak.[butuh sitiran] Ora diweruhi kanthi pesthi apa sing njalari mundhaké umur dawa iki,[1] nanging umumé dipitayani yèn akibat utamané telung trah sing urip bebarengan yaiku njaga pangandhan sing bisa ilang yèn ora mangkono. Conto pangandhan penting iki yaiku papan kanggo nemokaké banyu ing mangsa katiga.[2][3]

Ana wektu nalikané wong tuwa ora gelem utawa ora mampu mènèhi pangrumatan sing nyukupi kanggo anak-anaké (contoné, alangan dhuwit, masalah pakawinan, lelara, utawa pati[4]), embah asring njupuk peran minangka pangrumat utama. Malahan nalika iki ora kadadèn lan kususé ing budaya lawasan, embah asring nduwéni peran langsung lan cetha babagan nggedhékaké, ngrumat, lan ngopèni bocah. Embah yaiku krabat tingkat kaloro tumrap putu-putuné lan adum 25% tumpang tindhih génétis.

Embah kuwalon bisa dadi wong tuwa kuwaloné wong tuwa, wong tuwa kuwalon, utawa wong tuwa kuwaloné wong tuwa kuwalon (sanadyan sabeneré bisa disebut embah-embah kuwalon). Manéka tembung sing bisa digunakaké kanggo nyebut embah, contoné mbah, aki, nini, mbah kung, mbah uti, mbah ti, mbah yi, mbah dok, lan liya-liyané.

Deleng uga

  • Bibi
  • Misan
  • Kulawarga gedhé
  • Klausul kaki
  • Pranatan kaki
  • Umur patengahan
  • Krisis patengahan umur
  • Dina Embah Nasional
  • Paman

Rujukan

  1. Zhavoronkov, Alex (2013-07-02). "13 Reasons Why We Will Live Longer Than Our Parents". Huffington Post (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2018-08-23.
  2. Wong, Kate. "The Mysterious Downfall of the Neandertals". Scientific American. Dibukak ing 2013-03-24.
  3. Caspari, R. (2012). "The Evolution of Grandparents". Scientific American. 22 (2): 38–43. doi:10.1038/scientificamericanhuman1112-38. PMID 21827124.
  4. "8 Reasons Parents Fail to Love Their Kids". Psychology Today (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2018-08-23.

Wacan sabanjuré

  • Coulthard, Carmen Caldas; Moon, Rosamund (2016). "Grandmother, gran, gangsta granny: semiotic representations of grandmotherhood". Gender and Language. 10 (3): 309–339. doi:10.1558/genl.v10i3.32036.

Pranala njaba

Wiktionary
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Embah ing KamusWiki.