Gijang

Gijang
기장
Wewengkon
기장군
Trankripsi Korea
 • Hanja
 • Alih Aksara yang DisempurnakanGijang-gun
 • McCune-ReischauerKijang kun
Candi Haedong Yonggungsa
Candi Haedong Yonggungsa
Official logo of Gijang
Logo
NegaraKorea Kidul
WewengkonYeongnam
Tingkat provinsiBusan
Pamerangan administratif2 eup, 3 myeon
Laladan
 • Gunggung217,9 km2 (84,1 sq mi)
Cacah warga (2011)
 • Gunggung103.784
 • Pepadhet480/km2 (1,200/sq mi)
 • DialekGyeongsang
Situs wèbwww.gijang.go.kr

Wewengkon Gijang inggih menika satunggaling gun, utawi wewengkon (daérah). wewengkon menika mapan wonten ing antawisipun Haeundae-gu lan Ulsan wonten ing lor Busan, Korea Kidul.

Sejarah

Gijang menika kapisan medal kanthi nama ingkang samenika wonten sejarah 757 tahun, ing sedangunipun Silla Bersatu. Ing kala menika damel hyeon saking Gijang, pérangan saking Dongnae-gun. Cathetan Samguk Sagi dipunmangertosi minangka Gaphwayanggok (甲 火 良 谷) sadèrèngipun. Papan ingkang mawi sejarah wonten ing wewengkon menika kalebet kuil Buddha Jangansa. Dipunpratelakaken sapisan dipunbangun dening Wonhyo nalika abad ingkang kaping 7.

Geografi lan demografi

Gijang menika padesan wonten ing distrik Busan, lan sapérangan ageng kapérang saking lemah kosong lan tetanèn. Kirang langkung 156,7 saking 217,9 kilometer persegi boten wonten isinipun lan kalebet wana (hutan), sapérangan ageng menika lahan mawi bukit-bukit. Populasi wonten ing wewengkon kasebat tansah sansaya nambah wiwit saking 1990.

Ékonomi

Amargi papanipun menika wonten ing sedawaning pantai saking Sagara Jepang, Gijang menika dipunmangertosi minangka pusat produksi manéka jinis dhaharan sagara. Kalebet teri lan suket sagara coklat (miyeok).

Pawiyatan

Gijang menika kalebet papan kanggé manggènipun Sekolah Asing Internasional Busan ing kala menika, Departemen Pendidikan énggal-énggal menika nelasaken 46,9 Miliar won.

Wisatawan

Kejawi wonten situs ingkang ngemot sejarah-budaya lan Buddha, wonten ugi papan ingkang narik kawigatosan sanèsipun wonten ing wewengkon Gijang menika. Kados déné Taman Pottery Toam lan Pantai Ilgwang.

Pamerangan administratif

Gijang menika wonten 5 pérangan:

  • eup (kutha ingkang paling ageng):
    • Gijang-eup
    • Jangan-eup
  • myeon (kutha padesan):
    • Cheolma-myeon
    • Ilgwang-myeon
    • Jeonggwan-myeon

Rujukan

Pirsani ugi

  • Pamerangan administratif ing Korea Kidul

Pranala njawi

Cithakan:Busan

Koordhinat: 35°15′00″N 129°13′18″E / 35.25000°N 129.22167°E / 35.25000; 129.22167