Ha iku aksara nglegena sajeroning aksara Jawa Hanacaraka sing nglambangaké uni /hɔ/, /ha/, /ɔ/, utawa /a/. Aksara Ha dilatinaké dadi "Ha". Aksara iki duwé wangun rèkan kanggo makili uni /kha/ kaya aksara خ sajeroning aksara Arab.