Invèstasi

Invèstasi iku istilah kanthi sapérangan pangertèn kang gegandhèngan karo kauangan lan ékonomi. Istilah mau kakait karo akumulasi siji wangun aktiva kanthi pangarep-arep olèh kauntungan ing wektu ngarep. Sok-sok, invèstasi karan uga minangka penanaman modhal.

Pangertèn

Adhedhasar téyori ékonomi, invèstasi ateges panukon (lan ateges uga prodhuksi) saka kapital/modhal barang-barang kang ora dikonsumsi nanging dipigunaaké kanggo prodhuksi mangsa ngarep (barang prodhuksi). Contoné kalebu yasa ril sepur, utawa siji pabrik, pambuka lahan, utawa siji wong sekolah ing universitas. Kanggo luwih cethané, invèstasi uga siji komponèn saka PDB kanthi rumus PDB = C + I + G + (X-M). Fungsi invèstasi ing aspèk mau dipérang ing invèstasi non-résidential (kaya pabrik, mesin, lsp) lan invèstasi résidential (omah anyar). Invèstasi ya iku fungsi pandhapatan lan tingkat bunga, didelok saka kaitané I= (Y,i). Sawijining tetambahan ing pandhapatan bakal ndhorong invèstasi kang luwih gedhé, ing ngendi tingkat bunga kang luwih dhuwur bakal ngedhunaké minat kanggo invèstasi kadidéné prakara mau bakal luwih larang dibandhingaké karo nyilih dhuwit. Sanajan yèn siji perusahaan liya milih migunakaké danané dhéwé kanggo invèstasi, tingkat bunga nedahaké siji ragad kasempatan saka invèstasi dana mau tinimbang nyilihaké kanggo olèh bunga.

Wangun-wangun invèstasi

  • Invèstasi lemah kanthi pangajab kanthi tambahing populasi lan panggunaan lemah; rega lemah bakal mundhak ing mangsa ngarep.
  • Invèstasi pendidikan kanthi tambahing pengetauan lan kaahlian, pangajabé panggolèkan gawéan lan pandhapatan luwih gedhé.
  • Invèstasi saham kanthi pangajab perusahaan olèh kauntungan saka asil kerja utawa panlitèn.

Risiko invèstasi

Invèstasi saliyané uga bisa nambah penghasilané wong uga nggawa risiko kauangan yèn invèstasi mau gagal. Kagagalan invèstasi dijalari déning akèh prakara, ing antarané yaku faktor kaamanan (saka bebendu utawa amarga faktor manungsa), katertiban hukum, lan liya-liyané.

Pirsanana uga

  • Aprésiasi
  • Akumulasi Modhal
  • Divèstasi
  • Ékonomi Kauangan
  • Invèstasi Asing Langsung
  • Profil Invèstor
  • Hubungan Invèstor
  • Invèstasi kaluwih-luwihaké
  • Invèstasi Philatelik
  • Régulasi FD
  • Return on investment
  • Saving (economics)
  • Spèkulasi
  • Trèn
  • Invèstasi kanthi tanggel waler kanthi sosial
  • Étika berinvèstasi
  • Asosiasi Nasional Invèstor Korporasi

Pranala njaba