Ira Wibowo
Ira Wibowo | |
---|---|
Lair | Ira Wibowo |
Taun aktif | 1988-sekarang |
Bojo | Katon Bagaskara |
Anak | Andhika Radya Bagaskara Mario Arya Bagaskara Chika Putri Bagaskara |
Wong tuwa | Wibowo Wirjodiprojo dan Sibylle Ollmann |
R.A. Ira Wibowo Wirjodiprodjo kondhang kanthi jeneng Ira Wibowo (lair ing Berlin, Jerman, 20 Dhésèmber 1967; umur 57 taun).[1] Ira Wibowo iku wong wadon kang duwé profesi dadi aktris lan presentér ing Indonésia.[1] Ira tau dadi presenter ing salah sijiné stasiun tivi swasta ya iku RCTI ing acara Sinema-Sinema bareng karo Mayong Suryolaksono.[1] Acara iki nayangaké ngenani filem-filem kang disiyaraké ing biyoskup-biyoskup ing Indonésia.[1]
Kauripan pribadi
Ira Wibowo nduwé bojo kang jenengé Katon Bagaskara.[1] Ira Wibowo lan Katon Bagaskara nikah tanggal 28 Oktober 1996.[1] Saka pernikahané karo Katon Bagaskara, Ira nduwé anak kang cacahé loro jenengé ya iku Radya Bagaskara lan Mario Arya Bagaskara.[1] Kajaba iku Ira nduwé anak wadon manèh, nanging anak iki asil pernikahané Katon karo wong wadon sadurungé Ira, anak iki jenengé ya iku Chika Putri Bagaskara.[1] Ira Wibowo iku mbake Ari Wibowo lan bulike Richard Kevin.[1]
Karir
Ira wibowo iku artis kang nduwé katurunan Jerman saka ibuné lan Jawa saka bapaké.[2] Ira mbalik ing Indonésia nalika taun 1982 sawisé pirang-pirang taun ing luar nagari.[2] Ira makarya dadi Humas nalika taun (1991 nganti 1993). Nanging Ira wiwit main filem wiwit taun 1984.[2] Film kang sepisanan dibintangi judhulé Pencuri Cinta.[2] Sawisé iku, Ira Wibowo mèlu Harry "Bo'im" de Fretes ngisi swara ing komedi TV ya iku ing acara Lenong Rumpi.[2]
Penghargaan
Ira Wibowo éntuk penghargaan nalika main ing sinétron Mutiara Cinta (1995).[2] Penghargaan saka Festifal Film Bandung taun 1988 nalika main ing filem Kasmaran (1987).[2] Jeneng Ira Wibowo dadi nominasi FFI lumantar filem Kasmaran (1988) lan Malioboro (1989).[2] Ira uga tau dadi nominator ing FSI 1994 kategori Peran Pembantu Wanita Terbaik lumantar filem Aku Mau Hidup.[2]
Kagiyatan Sosial
Ira uga aktif ing kagiyatan sosial. Salah sijiné ya iku Ira bareng karo Yayasan Kanker Indonésia kang wis dinobatake dadi Duta Kampanye `Bantu Cegah Kanker serviks`, Ira nggethok tularake informasi babagan bebayaning kanker serviks lan upaya pencegahane.
Filmografi
- Pencuri Cinta (1984)
- Itu Bisa Diatur (1984)
- Gantian Dong (1985)
- Anak-Anak Malam (1986)
- Merangkul Langit (1986)
- Beri Aku Waktu
- Kasmaran
- Cinta Anak Jaman
- Malioboro
- Jodoh Boleh Diatur (1988)
- Cintaku di Way Kambas (1990)
- 'Lenong Rumpi (1991)
- Lenong Rumpi II (1992)
- Mirror (2005)
- I Love You, Om (2006)
- Dunia Mereka (2006)
- Mengejar Mas Mas (2007)
- Get Married (2007)
- Summer Breeze (2008)
- Liburan Seru! (2008)
- Bestfriend? (2008)
- Get Married 2 (2009)
- Ngebut Kawin (2010)
- Love and Edelweis (2010)
- 3 Hati Dua Dunia, Satu Cinta (2010)
- Kentut (2011)
- Get Married 3 (2011)
- Simfoni Luar Biyasa (2011)
Sinetron
- Sartika (1987)
- Lenong Rumpi (1991)
- Kulawarga Van Danoe (1995)
- Losmen (1986)
- Aku Mau Hidup (1995)
- Bella Vista I (1995)
- Lika Liku Laki-Laki (1995)
- Mutiara Cinta (1995)
- Jalan Kehidupan (1997)
- Harkat Wanita (1998)
- Buah Hati Yang Hilang
- Bukan Cinta Sesaat (1998)
- Dua Cinta (Mutiara Cinta 2) (2001)
- Serberkat Kasih Mama
- Yaho (2002)
- Amanah (2003)
- Kisah Sedih Di Hari Minggu (2004)
- Cerita Si Angel (2004)
- Kumpul Bocah (2004)
- Bunga Di Tepi Jalan (2005)
- Club Cheetah (2005)
- Dari Mana Datangnya Cinta (2001)
- Seminggu 7 Cinta (2008)
- Kembang Padang Kelabu (2001)
- Saidi & Saidah (2005)
- Bukan Salah Bunda Mengandung (2006)
- My Love (2007)
FTV
- Teh & Soda (2000)
- 1 Cermin 2 Bayang-Bayang (2001)
- Hera Dan Warsito (2002)
- Dua Perintaan (2002)
- Matinya Istri Kedua (2003)
- Guruku Sayang (2003)
- Gotong Royong Salah Peti Mati (2003)
- Dua Bayangan Topeng (2003)
- Tangisan Ibu Tiri (2004)
Iklan
- Lux-1986
- Olay-2007
- Super Pel-2008-2009
Cathetan suku