Jéndral
Jéndral iku pangkat sajeroning katentaraan. Ing Tentara Nasional Indonésia (TNI), pangkat Jéndral dipigunakaké déning TNI Angkatan Dharat lan dilambangké nganggo gambar lintang (bintang). Jéndral bisa ateges saklompok pangkat-pangkat kang ngandhut tembung 'jéndral' kang karan uga perwira tinggi, utawa bisa uga ateges salah siji pangkat saka golongan pangkat-pangkat mau kang dilambangaké déning 4 bintang.
Tataran kapangkatan
Cacahing bintang kang ana sajeroning tandha pangkat nuduhaké tataran jènderal mau.
bintang | jeneng pangkat | padanan sajeroning Bhs Inggris | tandha pangkat |
---|---|---|---|
bintang siji | Brigadir Jènderal | Brigadier General | ![]() |
bintang loro | Mayor Jènderal | Major General | ![]() |
bintang telu | Lètnan Jènderal | Lieutenant General | ![]() |
bintang papat | Jènderal | General | ![]() |
bintang lima | Jènderal Besar | General of the Army |
Pranala njaba
- Tandha pangkat TNI AD Archived 2007-06-24 at the Wayback Machine.