Joshua Kimmich
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/50/20180602_FIFA_Friendly_Match_Austria_vs._Germany_Joshua_Kimmich_850_0717.jpg/200px-20180602_FIFA_Friendly_Match_Austria_vs._Germany_Joshua_Kimmich_850_0717.jpg)
Joshua Kimmich iku juru main bal-balan profèsional sing lair ing Jerman tanggal 8 Fèbruari 1995.[1] Piyambaké meranaké posisi glandhang utawa juru main tengah ing tetandhingan bal-balan.[1] Sapunika piyambaké ya iku juru main bal-balan ing tim Bayern Munchen.[1]
Karir
Sadurungé main ing Bayer Munchen, piyambaké ya iku pemainé RB Leipzig.[2] Nanging sadurungé ing RB Leipzig, piyambaé tau main ing tim Stuttgart U-19.[2] Piyambaké uga tau main ing tetandhingan wigati kaya ta Der Klassiker lan mbela tim bal-balané Jerman ing kejuaraan wigati kaya ta Piala Éropah.[2]
Kaluwihan
Wektu umur 13 taun piyambaké tau main ing posisi juru main mburi tengah.[2] Sakbanjuré iku piyambaké main dadi juru main tengah utawa glandhang.[2] Piyambaké uga dimainké ing posisi juru main mburi pérangan tengen.[2] Piyambaké bisa main ing akèh posisi.
Asisten pelatih tim Bayern Munchen, Hermann Gerland ngungkapné pendapaté yèn Joshua Kimmich iku suksesoré alami Philipp Lahm.[3]
Cathetan suku
- ↑ a b c "Joshua Kimmich". www.goal.com. Dibukak ing 20 August 2016.
- ↑ a b c d e f "Joshua Kimmich Tentang Mangsa Perdananya di FC Bayern". www.panditfootball.com. Dibukak ing 20 August 2016.
- ↑ "Joshua Kimmich, Suksesor Alami Philipp Lahm". www.fourfourtwo.com. Dibukak ing 20 August 2016.[pranala mati permanèn]