Keanu Reeves

Keanu Reeves

Reeves ning London Premier The Lake House September 2006
Asma wiyosan Keanu Charles Reeves
Miyos (1964-09-02) Sèptèmber 2, 1964 (umur 60)
Beirut, Lebanon
Pakaryan Aktor
Taun aktif 1985

Keanu Charles Reeves (lair ing Beirut, Lebanon, 2 Sèptèmber 1964; umur 60 taun) dhèwèké iku pemeran utawa aktor filem kang mbintangi filem-filem Hollywood dhèwèké paling kondhang ning filem trilogi kang judhulé The Matrix lan dhèwèké iku duwé kewarganagaraan loro, Kanada lan Inggris, Keanu Reeves, uripé pindah-pindah.[1] Ibuné tau bebrayana ora namung kapin pisan, amarga ngalami kegagalan.[1]

Pengalaman kaping pisanan Keanu ning dunya peran dimulai nalika dhèwèké kalibet ning produksi drama teater kang judhulé DAMN YANKEES, nalika iku Keanu tembe ning umur 9 taun.[1]

Meski tau duwé prestasi dadi atlet hoki nganti olih jejuluk The Wall, nanging karemenan lan katertarikané marang dunya seni peran akiré anggawe dhèwèké luwih milih terjun ning dunya hiburan perfileman.[1] Serial-serial TV lan iklan kalebu iklan produk wiwit dicoba déning dhèwèké.[1]

Film layar lebar Keanu kang pisanan ya iku YOUNGBLOOD, [[filem kang ceritané babagan kisah hoki.[1] Keanu ning filem mau meranaké juru main hokiné.[1] Sawisé panggarapan filem mau, Keanu mutusaké kanggo nerusaké pangalamané ning dunya akting.[1] Dhèwèké mangkat maring Los Angeles lan ngusahakaké supaya dhèwèké bisa luwih fokus ning dunya akting.[1]

Sawisé sempet bahagia karo peran-perané kang cilik-cilikan ning filem kang wis digarap déning dhèwèké.[1] Keanu akiré olih peran kang lumayan gedhé ning filem kang judhulé RIVER'S EDGE.[1] Nanging filem annyar mau, ddai filem POINT BREAK kang ngangkat jeneng Keanu ning jajaran aktor kang wiwit dilirik lan diperhitungaké.[1]

Jenengé wiwit dadi bahan omongan dunya filem nalika dhèwèké dipercaya kanggo mainaké tokoh baku ning filem SPEED nalika taun 1994.[1] Kang disusul karo kasuksesané dadi juru main ning filem trilogi THE MATRIX.[1] Akiré Keanu bisa dipercaya meranaké Tom Ludlow ning filem laga kang judhulé STREET KINGS.[1] Keanu Reeves tau njalin gayutan karo Jennifer Syme, kang akiré ora lanjut amarga Jennifer ninggal dunya nalika taun 2001, amarga tabrakan mobil.[2] Nalika iku, Jenniver nembé baé ngelairaké anak wadon kasil gayutané kang dijenengi Ava Archer.[2]

Filmografi

  • 1986 - River's Edge
  • 1986 - Youngblood
  • 1989 - Bill & Ted's Excellent Adventure
  • 1991 - My Own Private Idaho
  • 1992 - Bram Stoker's Dracula
  • 1994 - Speed
  • 1995 - A Walk in the Clouds
  • 1997 - The Devil's Advocate
  • 1999 - The Matrix
  • 2003 - The Matrix Reloaded
  • 2003 - The Matrix Revolutions
  • 2005 - Constantine
  • 2006 - The Lake House
  • 2006 - A Scanner Darkly
  • 2008 - Street Kings
  • 2008 - The Day the Earth Stood Still
  • 2009 - The Private Lives of Pippa Lee

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o biografi Keanu Reaves dipununduh tanggal 27 Juli 2011
  2. a b berita keanu reeves dipununduh tanggal 27 Juli 2011