Ki Hajar Dewantara
Ki Hajar Dewantara | |
---|---|
![]() Ki Hajar Dewantara | |
Mantri Pangajaran Indonésia ke-1 | |
Linggih 2 September 1945 – 14 November 1945 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | Ora ana, kalungguhan anyar |
Kang sawisé | Todung Sutan Gunung Mulia |
Rerincèn dhiri | |
Lair | ![]() | 2 Mèi 1889
Pati | 26 April 1959![]() | (umur 69)
Agama | Islam |
Ki Hadjar Dewantara lair ing Ngayogyakarta, 2 Mèi 1889 – pati ing Ngayogyakarta, 26 April 1959 ing umur 69 taun[1]; iku pelopor pendhidhikan kanggo kaum pribumi Indonésia ing jaman panjajahan Walanda.
Lair kanthi jeneng Radèn Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara ngadegaké perguruan Taman Siswa sing mènèhi kasempatan marang para pribumi supaya bisa olèh pendhidhikan kaya déné para priyayi utawa wong-wong Walanda.
Tulisan Ki Hajar Dewantara sing misuwur ya iku "Yèn Aku Wong Landa" (irah-irahan asli: Als ik eens Nederlander was), dipacak ing ariwarta de Expres duwèké Dr. Douwes Dekker, taun 1913. Artikel iki ditulis sajeroning kontèks rencana pamaréntah Walanda ngumpulaké sumbangan saka Hindhia Walanda (Indonésia), sing wektu iku isih durung mardika, kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis.
Ki Hajar Dewantara séda tanggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa Mlathi, Sléman, Yogyakarta. Tanggal lairé, 2 Mèi, sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan Nasional ing Indonésia. Ki Hajar Dewantara dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonésia lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp 20.000 taun emisi 1998.[2]
Uga delengen
Réferènsi
- ↑ Iki wujud vèrsi Perguruan Tamansiswa lan Kapustakaan Présidhèn Perpustakaan Nasional Républik Indonésia, tokohindonesia.com nyebutaké 28 April 1959 minangka tanggal tilar donya.
- ↑ Dhuwit Kertas Bank Indonésia Pecahan: Rp. 20.000,- Archived 2020-09-20 at the Wayback Machine., Bank Indonésia, diaksès tanggal 26 April 2011.
Pranala njaba
![]() |
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Ki Hadjar Dewantara |
- Profil di TokohIndonésia.com Archived 2010-05-28 at the Wayback Machine.
- Taman Siswa Archived 2012-12-26 at the Wayback Machine.
- Metronews, Ajaran Ki Hajar Dewantara.. Archived 2012-01-25 at the Wayback Machine.
- Freedom Hero Ki Hajar Dewantara Archived 2012-01-18 at the Wayback Machine.
- Refleksi motivasi pendidikan Ki Hajar Indonésia Archived 2011-03-22 at the Wayback Machine.
- Biografi Ki Hajar Dewantara Archived 2011-04-19 at the Wayback Machine.
Didhisiki déning: ora ana |
Mantri Pengajaran 1945 |
Diganti déning: Todung Sutan Gunung Mulia |