Kinanthi

Kinanthi iku salah sijiné tembang macapat kang racaké dienggo nggambaraké rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwé arti gegandhèngan tangan lan bisa uga jeneng siji kembang. Ana uga kang nggandhèngaké kinanthi klawan Maskumambang. Yèn maskumambang kanggo wong lanang kang lagi diwasa, kinanthi kanggo wanita.

Metrum

Kinanthi kaangit saka nem gatra (larik) saben pada (bait).

  • 8-u
  • 8-i
  • 8-a
  • 8-i
  • 8-a
  • 8-i

Tuladha

Tuladha 1

Anoman mlumpat sampun
praptêng witing nagasari
mulat mangandhap katingal
wanodyâyu kuru aking
gelung rusak awor kisma
ingkang iga-iga kêksi
  • (Saka Serat Rama Kawi déning Kyai Yasadipura)

Tuladha liya

Pitik tulak pitik tukung
Tetulake Jabang bayi
Ngedohaken cacing racak
Sarap sawane sumingkir
Si tulak manggung ing ngarso
Si Tukung ngadhangi margi
Punapa ta mirah ingsun
Prihatin waspagung mijil
Tuhu dahat tanpa karya
Sengkang rinemekan gusti
Gelung rinu saksekarnya
Sumawur gambir melati

Pranala njaba

Alit
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung
Tengahan
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh
Ageng
Girisa