Kirsten Dunst
Kirsten Dunst | ||||||
---|---|---|---|---|---|---|
![]() Dunst nalika main ning filem Marie Antoinette nalika taun 2006. | ||||||
Asma wiyosan | Kirsten Caroline Dunst | |||||
Miyos | Point Pleasant, New Jersey, Amérikah Sarékat | April 30, 1982|||||
Taun aktif | 1989 | |||||
|
Kirsten Caroline Dunst kondhang uga karo jeneng Kirsten Dunst (lair 30 April 1982; umur 42 taun) ya iku aktris filem Amérika kang duwé katurunan saka Jerman lan Swèdhen, jeneng undhangané Kiki, dhuwuré 170 cm, Awit umur telung taunan, dhèwèké wis sok ning ngarepé kodhak.[1] Mula ora heran ning umur kang esih enom dhèwèké wis dadi model iklan ning stasiun televisi, lan dadi model saka Ford Models lan Elite Model Management.[1] Film pisanan kang dilakoni déning Kirsten ya iku filem kang judhulé OEDIPUS WRECKS kang diputer ning taun 1989.[1] Film cekak mau dadi péranganing antologi NEW YORK STORIES iku kasil saka arahan déning Sutradara Woody Allen.[1] Jenengé wiwit kondhang nalika dhèwèké mèlu ddai juru main pandukung ning salah sijining filem kang judhulé INTERVIEW WITH THE VAMPIRE nalika taun 1994.[1] Sataun sawisé iku, dhèwèké kapilih ddai bintang kang meranaké tokoh ning filem JUMANJI bebarengan karo aktor Robin Williams lan main ning filem 50 Most Beautiful People versi majalah People ning taun kang padha.[1] Nanging, meski wis akèh filem-filem kang dibintangi dhèwèké.[1] Dhèwèké kondhang amarga meranaké Mary Jane Watson ning sekuel filem SPIDER-MAN.[1] Sawisé mbintangi filem-filem SPIDER-MAN season sak terusé, nganti telung sekuel, Kirsten dikabaraké bakal ngakiri perané dadi Mary Jane Watson, lan bintangi filemé kang anyar ya iku HOW TO LOSE FRIENDS AND ALIENATE PEOPLE.[1]
Ning kauripan pribadiné Meski Sukses ning karir, Dunst tergolong ora patiya sukses babagan percintaan.[1] Dunst ora tau suwé anggoné pacaran karo siji priya. Dunst tau dikabaraké kalibat gayutan asmara karo Jake Gyllenhaal lan musisi Johnny Borrell.[1] Dhèwèké uga tau diisukaké duwé gayutan istimewa karo lawan mainé ing filem SPIDERMAN, Toby McGuire.[1] Uga tau digosipaké karo Jeff Smeenge, penulis skenario.[1]
Taun 2010, Dunst bali manèh anggawe gebrakkan ning dunya filem, dhèwèké mbintangi sawijining filem arahan Lars von Trier bertajuk MELANCHOLIA.[1] Ning taun 2010, filem kang anggawe dhèwèké kondhang, filem Spiderman.[2] Ning sekuel kang kaping papaté, filem mau ora disutradarani San Raimi, Kirsten lan Tobey kang dadi Peter Parker ning filem mau uga ora bakal ana.[2] Kirsten nyatakaké manawa, sarampungé mbintangi filem SPIDERMAN kang kaping teluné dhèwèké bakal ninggal filem mau.[2]
FILMOGRAPHY
FILM
Film-filem kang tau dibintangi Kirsten Dunst[1]:
Taun | Film | Peran | Cathetan |
---|---|---|---|
1989 | New York Stories | Lisa's daughter | |
1990 | The Bonfire of the Vanities | Campbell McCoy | |
1993 | Star Trek:The Next Generation | Hedril | Episode: Dark Page |
1994 | Little Women | Younger Amy March | |
Interview with the Vampire | Claudia | Nominasi Golden Globe Awards - Best Supporting Actress | |
Greedy | Jolene | ||
High Strung | Young Girl | Film Independent | |
1995 | Jumanji | Judy Shepard
Casper(1995) |
|
1996 | Mother Night | Young Resi Noth | |
1997 | Wag the Dog | Tracy Lime | |
Anastasia | Young Anastasia | Pangisi Suwara | |
Tower of Terror | Anna Petterson | ||
True Heart | Bonnie | ||
Kiki's Delivery Service | Kiki | Pangisi Suwara | |
1998 | Fifteen and Pregnant | Tina Spangler | Televisi |
The Hairy Bird | Verena von Stefan | ||
Small Soldiers | Christy Fimple | ||
1999 | Dick | Betsy Jobs | |
Drop Dead Gorgeous | Amber Atkins | ||
The Virgin Suicides | Lux Lisbon | ||
The Devil's Arithmetic | Hannah Stern | Televisi | |
2000 | Deeply | Silly | |
Bring It On | Torrance Shipman | ||
Luckytown | Lidda Doyles | ||
The Crow: Salvation | Erin Randall | ||
All Forgotten | Zinaida | ||
2001 | The Cat's Meow | Marion Davies | |
Crazy/Beautiful | Nicole Oakley | ||
Get Over It | Kelly Woods/Helena | ||
2002 | Spider-Man | Mary Jane Watson | |
2003 | Mona Lisa Smile | Betty Warren | |
Kaena: The Prophecy | Kaena | Pengisi Suara | |
Levity | Sofia Mellinger | ||
2004 | Wimbledon | Lizzie Bradbury | |
Spider-Man 2 | Mary Jane Watson | ||
Eternal Sunshine of the Spotless Mind | Mary Svevo | ||
2005 | Elizabethtown | Claire Colburn | |
2006 | Marie Antoinette | Marie Antoinette | |
2007 | Spider-Man 3 | Mary Jane Watson | National Movie Awards U.K. - Nominasi Best Actress |
2008 | How to Lose Friends and Alienate People | Alison Olsen | Sedang Diproduksi |
2009 | Sweet Relief | Marla Ruzicka |
Cathetan suku