Klika

Klika wit pelem (Mangifera indica) ing Kolkata, India
Klika wit mapel jepang.

'Klika utawa kulit kayu ya iku pérangan paling njaba saka tuwuhan kang ngasilaké kayu, kalebu tetuwuhan cilik kang rupa grumbul. Ing ilmu biologi, kang kasebut klika ya iku sakabèhing pérangan sajabaning kambium kalebu ing oyot tuwuhan. Klika nutupi kayu lan kapérang saka sisih njero lan njaba. Sisih njero rupa jaringan kang isih urip, kalebu periderm. Déné sisih njaba wujud jaringan kang wus mati kang diarani rhitidoma.

Pira-pira kebutuhan manungsa migunakaké klikan, contoné kanggo gedhèk omah, bumbu, jamu, anyaman lan manéka bahan ing industri.

Munfangat

Conto munfangat saka klika antarané :

  • Rempah lan bumbu, : kayu legi lan mesoyi
  • Bahan industri : damar, latèks
  • Bahan obat, jamu, racun : kina, jenu
  • Bahan sandhangan lan tali : bago
  • Bahan kretas : dluwang
Tas ransel digawé saka klika.