Konsonan gigi utawa Konsonan untu utawa konsonan dental iku konsonan sing dumadi amarga ilat nyentuh untu dhuwur, kaya /t/, /d/, /n/, lan /l/ ing sawatara basa. Konsonan gigi dibédakaké saka swara (uni) sing diasilaké ngangggo ilat sing nyentuh wates gusi, kaya sajeroning basa Inggris, nanging keprungu padha amarga pepadhan akusitk swara-swara mau, uga padha aksarané ing aksara Latin (t, d, n, lsp.)