Léukisme

Léukisme ya iku kaanan ilanging pigmèntasi ana ing kéwan sing njalari ulesing kulit, rambut, wulu, sisik utawa kutikula, nanging mata ora, awerna putih, pucet, utawa saparo-saparo.[1] Béda saka albinisme, kaanan iki linantaran sudaning pirang-pirang jinis pigmèn, ora mung mélanin.
Étimologi
Tembung léukisme asal saka istilah kadhokteran (leuk- + -isme). Dhasaran leuk- asal saka basa Latin leuk-, sing asal saka basa Yunani leukos ateges "putih".