Markis Kido (lair ing Jakarta, DKI Jakarta, 11 Agustus1984-Tangerang, 14 Juni2021) iku juru main badminton putra Indonésia. Markis Kido wiwit main badminton ing klub Jaya Raya Jakarta. Panjenengané putra saka Djumharbey Anwar (rama) lan Yul Asteria Zakaria (ibu). Panjenengané nduwé sadulur loro. Seduluré lanang jenengé Bona Septano, lan adhiné wadon, Pia Zebadiah Bernadet, sing uga juru main badminton nasional Indonésia. Ing wektu sela panjenengané seneng main bal-balan.