Miss Universe
Miss Universe | |
---|---|
![]() Logo Miss Universe | |
Negara asal | Amérikah Sarékat |
Pambabaran | |
Saluran tivi | CBS |
Lakuné acara | 1952 – Saiki |
Pranala jaba | |
Website |
Miss Universe iku kontès kecantikan kang wiwitané minangka cara Pacific Mills kanggo promosi prodhuk sandhangan nglangi (pakaian renang) Catalina ing taun 1952. Taun 1996, Donald Trump nuku hak kapemilikan kontès iki kang sabanjuré ditayangaké télévisi CBS lan taun 2003 ngalih menyang NBC. Miss Universe minangka acara kang prestisius mligi tumrap kang ndunungi kawasan Amérika Latin.
Peserta pamilihan
Ing tahap wiwitan, peserta Miss Universe mèlu kontès ing nagarané dhéwé-dhéwé lan sabanjuré nyandhang gelar Miss nagara mau kaya Miss Canada utawa Miss U.S.A. lan banjur dikirim mèlu kontès Miss Universe kang dianakaké Organisasi Miss Universe (b. Inggris: Miss Universe Organization).
Amarga anané warna-warna situasi, jumlah nagara peserta tansah owah; ana kang metu lan ana kang nembé mèlu. Sawetara peserta anyar antarané:
Miss Universe | Nagara |
---|---|
2004 | EthiopiaGeorgiaVietnam |
2005 | Lètlan |
2006 | Kazakhstan |
2007 | Montenegro Serbia Tanzania |
2008 | Kosovo |
Déné nagara kang tansah mèlu wiwit 1952 ya iku Prancis, Jerman, AS, lan Kanadha.
Miturut penyelenggara, para peserta ing tataran nagara utawa donya, dinilai ora mung saka kasulistyané nanging kalebu uga kapinterané lan sopan santun kang dikenal uga kanthi sesanti 3B ya iku Brain, Beauty, lan Behavior (utek (kacerdhasan), kacantikan, lan solah bawa).
Ing ajang iki, kontèstan kang dipilih kanggo lumebu ing babak semifinal ya iku ana 15. Nanging ing taun 2006, cacahing kontèstan kang kapilih ana 20 orang.
Pamenang
Pamenang pisanan ya iku Armi Kuusela saka Finlan lan nganti wektu iki, Amérikah Sarékat wis menang kaping 7; Venezuela kaping 6 lan Puerto Riko kaping 4 lan sawatara nagara liya kang menang sapisan utawa kaping pindho.
Irene Sáez, Miss Universe 1981, mèlu pemilihan Présidhèn Venezuela ing taun 1998 nanging kalah karo Hugo Chávez déné Oxana Fedorova saka Ruslan, Miss Universe 2002 amarga dianggep gagal nindakaké tugas-tugas keratuané nyerahaké gelar marang Justine Pasek sakaari Panama kang dadi runner-up.
Taun | Miss Universe | Asal | Papan |
---|---|---|---|
1952 | Armi Kuusela | Finlan | Long Beach, Amérikah Sarékat |
1953 | Christiane Martel | Perancis | Long Beach, Amérikah Sarékat |
1954 | Miriam Stevenson | Amérikah Sarékat | Long Beach, Amérikah Sarékat |
1955 | Hillevi Rombin | Swèdhen | Long Beach, Amérikah Sarékat |
1956 | Carol Morris | Amérikah Sarékat | Long Beach, Amérikah Sarékat |
1957 | Gladys Zender | Peru | Long Beach, Amérikah Sarékat |
1958 | Luz Marina Zuluaga | Kolombia | Long Beach, Amérikah Sarékat |
1959 | Akiko Kojima | Jepang | Long Beach, Amérikah Sarékat |
1960 | Linda Bement | Amérikah Sarékat | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1961 | Marlene Schmidt | Jerman | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1962 | Norma Nolan | Argentina | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1963 | Ieda Maria Vargas | Brasil | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1964 | Corinna Tsopei | Yunani | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1965 | Apasra Hongsakula | Thailand | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1966 | Margareta Arvidsson | Swèdhen | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1967 | Sylvia Hitchcock | Amérikah Sarékat | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1968 | Martha Vasconcellos | Brasil | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1969 | Gloria Maria Diaz | Filipina | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1970 | Marisol Malaret | Puerto Riko | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1971 | Georgiana Rizk | Lebanon | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1972 | Kerry Anne Wells | Australia | Dorado, Puerto Riko |
1973 | Maria Margarita Moran | Filipina | Athena, Yunani |
1974 | Amparo Muñoz | Spanyol | Manila, Filipina |
1975 | Anne Marie Pohtamo | Finlan | San Salvador, El Salvador |
1976 | Rina Messinger | Israèl | Hong Kong |
1977 | Janelle Commissiong | Trinidad lan Tobago | Santo Domingo, Républik Dominika |
1978 | Margaret Gardiner | Afrika Selatan | Acapulco, Meksiko |
1979 | Maritza Sayalero | Venezuela | Perth, Australia |
1980 | Shawn Weatherly | Amérikah Sarékat | Seoul, Koréa Kidul |
1981 | Irene Sáez | Venezuela | New York City, Amérikah Sarékat |
1982 | Karen Dianne Baldwin | Kanadha | Lima, Peru |
1983 | Lorraine Downes | Selandia Baru | St. Louis, Amérikah Sarékat |
1984 | Yvonne Ryding | Swèdhen | Miami, Amérikah Sarékat |
1985 | Deborah Carthy-Deu | Puerto Riko | Miami, Amérikah Sarékat |
1986 | Bárbara Palacios Teyde | Venezuela | Panama City, Panama |
1987 | Cecilia Bolocco | Chili | Singapura |
1988 | Porntip Nakhirunkanok | Thailand | Taipei, Républik Cina |
1989 | Angela Visser | Walanda | Cancún, Meksiko |
1990 | Mona Grudt | Nurwègen | Los Angeles, Amérikah Sarékat |
1991 | Lupita Jones | Meksiko | Las Vegas, Amérikah Sarékat |
1992 | Michelle McLean | Namibia | Bangkok, Thailand |
1993 | Dayanara Torres | Puerto Riko | Mexico City, Meksiko |
1994 | Sushmita Sen | India | Manila, Filipina |
1995 | Chelsi Smith | Amérikah Sarékat | Windhoek, Namibia |
1996 | Alicia Machado | Venezuela | Las Vegas, Amérikah Sarékat |
1997 | Brook Mahealani Lee | Amérikah Sarékat | Miami Beach, Amérikah Sarékat |
1998 | Wendy Fitzwilliam | Trinidad lan Tobago | Honolulu, Amérikah Sarékat |
1999 | Mpule Kwelagobe | Botswana | Chaguaramas, Trinidad lan Tobago |
2000 | Lara Dutta | India | Nikosia, Siprus |
2001 | Denise Quiñones | Puerto Riko | Bayamon, Puerto Riko |
2002 | Oxana Fedorova | Ruslan | San Juan, Puerto Riko |
Justine Pasek | Panama | ||
2003 | Amelia Vega | Républik Dominika | Panama City, Panama |
2004 | Jennifer Hawkins | Australia | Quito, Ekuador |
2005 | Natalie Glebova | Kanadha | Bangkok, Thailand |
2006 | Zuleyka Rivera Mendoza | Puerto Rico | Los Angeles, Amérikah Sarékat |
2007 | Riyo Mori | Jepang | Mexico City, Meksiko |
2008 | Dayana Mendoza | Venezuela | Nha Trang, Vietnam |
2009 | Stefanía Fernández Krupij | Venezuela | Nassau, Bahama |
2010 | |||
2011 | |||
2012 | |||
2013 | |||
2014 | |||
2015 | |||
2016 | |||
2017 | |||
2018 | Bangkok, Thailand |
Penghargaan khsusus
Saben taun, ora mung dipilih Miss Universe, nanging uga dipilih Miss atribut liya kaya ta Miss Photogenic wiwit taun 1956, Best in Swimsuit Award kang dianakaké wiwit taun 1992 nganti 2002, Best Hair/Style Award wiwit taun 1993 nganti 2001 lan Best National Costume wiwit taun 1962 nganti 2006, uga Miss Congeniality wiwit taun wiwitan nganti saiki.
Wakil Indonésia
Taun | Jeneng | Gelar Nasional | Prestasi |
---|---|---|---|
1974 | Nia Kurniasi Ardikoesoema | Ora ana (pamilihan ditutup) | |
1975 | Lydia Arlini Wahab | Ora ana (pamilihan ditutup) | |
1976 | Juliarti Rahayu | Ora ana (pamilihan ditutup) | |
1977 | Siti Mirza Nuria Arifin | Ora ana (pamilihan ditutup) | |
1980 | Andi Nana Riwayati Basoamier | Ora ana (pamilihan ditutup) | |
1982 | Sri Yulianti | Ora ana (pamilihan ditutup) | |
1983 | Andi Botenri | Ora ana (pamilihan ditutup) | |
1994 | Venna Melinda | Putri Indonésia 1994 | Minangka pengamat |
1995 | Susanty Manuhuttu | Putri Indonésia 1995 | |
1996 | Alya Rohali | Putri Indonésia 1996 | |
2005 | Artika Sari Devi | Putri Indonésia 2004 |
|
2006 | Nadine Chandrawinata | Putri Indonésia 2005 |
|
2007 | Agni Pratistha | Putri Indonésia 2006 |
|
2008 | Putri Raemawasti | Putri Indonésia 2007 | |
2009 | Zivanna Letisha Siregar | Putri Indonésia 2008 | Peringkat Pisanan Polling Internet |
Uga delengen
- Miss World
- Miss Earth
- Miss International
- Miss USA
- Miss Teen USA
- Pratélan Kontès Kecantikan
Gladri
Pranala njaba
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Miss Universe. |
- Situs resmi Archived 2007-11-28 at the Wayback Machine.