Moerdiono

Moerdiono
Mantri Sekretaris Nagara Indonésia ka-5
Linggih
21 Maret 1988 – 16 Maret 1998
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéSudharmono
Kang sawiséSaadilah Mursjid
Mantri Muda Sekretaris Kabinèt Indonésia ka-7
Linggih
1981–1988
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéIsmail Saleh
Kang sawiséSaadilah Mursjid
Rerincèn dhiri
Lair(1934-08-19)19 Agustus 1934
Nèderlan Banyuwangi, Jawa Wétan, Indiya Nèderlan
Pati7 Oktober 2011(2011-10-07) (umur 77)
Singapura Singapura
SisihanMaryati
Sundari Sukoco
Machica Moechtar
Poppy Dharsono
AnakPalakrami kaliyan Maryati:
Ninuk Mardiana Pambudy
Novianto Prakoso
Indrawan Budi Prasetyo
Baroto Joko Nugroho
Palakrami siri kaliyan Machica Moechtar:
Iqbal Ramadhan
AgamaIslam

Moerdiono (lair ing Banyuwangi, Jawa Wétan, 19 Agustus 1934 – pati ing Singapura, 7 Oktober 2011 ing umur 77 taun) inggih punika tilas Mantri Sekretaris Nagara Indonésia, panjenenganipun njabat ngantos kalih periodhé: Kabinèt Pangyasa V (21 Maret 1988-17 Maret 1993) lan Kabinèt Pangyasa VI (17 Maret 1993-16 Maret 1998).[1] Moerdiono asring dipuntimbali--Pak Moer--sadangunipun Ordhé Ènggal, nyambut damel ing Sekretariat Nagara minangka pandhampingipun Soedarmono.[1] Panjenenganipun tansah ngati-ati anggénipun maringi katrangan dhumateng pers.[1] Amargi saking pangati-atinipun punika, anggénipun ngendikan kesanipun pedhot-pedhot lan telat mikiripun, kamangka panjenenganipun punika priyantun ingkang tliti sanget.[1] Panjenenganipun kagolong priyantun ingkang ramah lan raket kaliyan kadang wartawan.[1]

Panjenenganipun naté sekolah ing Akademi Papréntahan Dalam Negeri (APDN), Malang ing taun 1957.[2] Salajengipun nglajengaken ing Lembaga Administrasi Nagara (LAN), Jakarta ing taun 1967 lan Wajib Militér, lan pungkasanipun gadhah pangkat Mayor Jendral.[2]

Awit purwanipun jaman Ordhé Ènggal panjenenganipun niti karir ing Sekretariat Nagara minangka pandhampingipun Soedarmono.[1] Dipunwiwiti minangka Staf Sekretariat Nagara ing taun 1966.[1] Salajengipun dados Asisten Mantri Sekretaris Nagara Urusan Khusus (1972).[1] Taun 1981 panjenenganipun pinitados njabat Sekretaris Kabinèt Indonésia.[1] Nalika Kabinét Pembengunan IV panjenenganipun njabat Mantri Muda Sekretaris Muda (1983-1988).[1] Lajeng dados Mantri Nagara Sekretaris Nagara, kalih periodhé nalika Kabinét Pembangunan V lan VI (1988-1999-1993-1998).[1]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k Moerdiono; Tiga Dekade Petinggi Setneg Archived 2011-04-03 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 24 September 2011)
  2. a b Maryati Tak Rela Dicerai Moerdiono dipunundhuh tanggal 24 September 2011)

Pranala njawi

Moerdiono; Tiga Dekade Petinggi Setneg Archived 2011-04-03 at the Wayback Machine.