Provinsi Como (basa Italia: Provincia di Como) iku provinsi ing sisih lor regioneLombardia, Italia lan wewatesan ing sisih lor karo kanton Ticino lan Grigioni ing Switserlan, sisih wétan karo Sondrio lan Lecco, ing sisih kidul karo Provinsi Milano, lan ing sisih kulon karo Provinsi Varese. Kutha Como minangka kutha krajané - kutha gedhé liyané anatara liya: Cantù, Erba, Mariano Comense, lan Olgiate Comasco. Tlatah Campione d'Italia uga duwèké provinsi iki lan dadi enclave ing kanton Ticino, Switserlan.
Miturut data 31 Mèi, 2005, komunitas utama miturut cacahing sing ndunungi antarané:
Commune
Populasi
Como
83,144
Cantù
36,742
Mariano Comense
21,844
Erba
16,874
Olgiate Comasco
10,893
Lurate Caccivio
10,052
Cermenate
8,772
Fino Mornasco
8,748
Turate
8,389
Lomazzo
8,329
Inverigo
8,280
Mozzate
7,494
Appiano Gentile
7,236
Cabiate
7,100
Cernobbio
7,036
Alpen Bergamo lan sawatara bukit nguwasani tlatah provinsi iki, lan tlatah banyu kang paling wigati ya iku tlaga ès (glacial) Tlaga Como. Como uga misuwur minangka tlatah kelairan Alessandro Volta, panemu aki ing taun 1800.