Puteri Indonesia
Putri Indonésia | |
---|---|
![]() Logo Putri Indonésia | |
Digawé déning | Mooryati Soedibyo |
Negara asal | Indonésia |
Pambabaran | |
Lakuné acara | 1992 – Sekarang |
Pranala jaba | |
Website |
Putri Indonésia iku pasanggiri kasulistyan ing Indonésia sing diadani wiwit taun 1992 déning Yayasan Putri Indonésia sing diketuwani déning Mooryati Soedibyo lan disponsori déning parusahan kosmètik Mustika Ratu. Putri Indonésia bakal dadi wakil Indonésia utawa duta bangsa sajeroning kagiyatan-kagiyatan sing duwé taraf Internasional lan mèlu sajeroning upaya promosi komoditas-komoditas ékspor Indonésia, pariwisata lan budaya Indonésia. Putri Indonésia uga ngayahi manéka warna aksi sosial menyang laladan-laladan sing mbutuhaké kanngo mèlu mènèhi panglipur lan pitulung.
Sarat
Sarat tumrap panyarta pamilihan Putri Indonésia:
- Warga Nagara Indonésia, umur 18-25 taun, durung omah-omah, kanthi dedeg minimum 166 cm.
- Panyarta laladan kudu manggon utawa asal saka laladan sing diwakili.
- Nduwèni kawruh lan wawasan jembar ngenani pariwisata lan kabudayan Indonésia.
- Penampilan ayu, cerdas, lan kapribadèn apik.
- Mampu komunikasi sajeroning basa manca bakal dadi aji tambah.
- Diutamakaké sing duwé keahlian mirunggan/prèstasi sajeroning siji babagan (upamané: musik, jogèd, nyanyi, kapemimpinan, basa, lan liya-liya).
Panilaian
Parameter panilaian sing dipigunakaké sajeroning pamilihan Putri Indonésia ya iku 3B, ya iku:
- Brain: Kacerdasan
- Beauty: Penampilan
- Behavior: Prilaku.
Saliyané iku, trampil sajeroning komunikasi, bisa mpikir kanthi rasional, duwé kawruh umum sing jembar lan duwé rasa peduli sosial sing dhuwur sarta duwé wawasan pariwisata.
Pratélan pemenang
Taun | Jeneng | Laladan Asal | Prestasi ing Ajang Internasional |
---|---|---|---|
1992 | Indira Paramarini Soediro | DKI Jakarta | Pemenang Miss ASEAN 1991 |
1993 | Ora ana pamilihan | ||
1994 | Venna Melinda | DKI Jakarta | Pengamat ing Miss Universe 1994 |
1995 | Susanty Manuhuttu | Maluku | Panyarta Miss Universe 1995 |
1996 | Alya Rohali | DKI Jakarta | Panyarta Miss Universe 1996 |
1997 | Ora ana pamilihan | ||
1998 | Ora ana pamilihan | ||
1999 | Ora ana pamilihan | ||
2000 | Bernika Irnadianis Ifada | DKI Jakarta | Ora kompetisi |
2001 | Angelina Patricia Pingkan Sondakh | Sulawesi Lor | Ora kompetisi |
2002 | Melanie Putria Dewita Sari | Sumatra Kulon | Ora kompetisi |
2003 | Dian Khrisna | DKI Jakarta | Ora kompetisi |
2004 | Artika Sari Devi | Kapuloan Bangka Belitung | 15 Besar Miss Universe 2005: |
2005 | Nadine Chandrawinata | DKI Jakarta | Panyarta Miss Universe 2006: |
2006 | Agni Pratistha | Jawa Tengah | Panyarta Miss Universe 2007: |
2007 | Putri Raemawasti | Jawa Wétan | Panyarta Miss Universe 2008 |
2008 | Zivanna Letisha Siregar | DKI Jakarta | Panyarta Miss Universe 2009 |
2009 | Qory Sandioriva | Nanggroe Acèh Darussalam | Panyarta Miss Universe 2010 |
2010 | Nadine Ames | DKI Jakarta | Panyarta Miss Universe 2011 |
2011 | Maria Selena | Jawa Tengah | Panyarta Miss Universe 2012 |
2013 | Whulandary Herman | Sumatra Kulon | 16 Besar Miss Universe 2013 |
2014 | Elvira Devinamira | Jawa Wétan | 15 Besar Miss Universe 2014
|
2015 | Anindya Kusuma Putri | Jawa Tengah | 15 Besar Miss Universe 2015 |
2016 | Kezia Warouw | Sulawesi Lor | 13 Besar Miss Universe 2016
|
2017 | Bunga Jelitha | DKI Jakarta |
|
2018 | Sonia Fergina Citra | Bangka Belitung | 20 Besar Miss Universe 2018
|
2019 | Frederika Alexis Cull | DKI Jakarta | 10 BesarMiss Universe 2019 |
2020 | Ayu Maulida | Jawa Wétan | Miss Universe 2020
|
Pranala njaba
- Situs web resmi Archived 2009-03-24 at the Wayback Machine.
Cithakan:Putri Indonésia