Semèn
Semèn ya iku zat kang kanggo ngraketaké watu, bata, batako, utawa bahan yasan liyané.[1] Tembung semèn asalé saka tembung caementum (basa Latin),kang tegesé ngethok-ngethok dadi luwih cilik lan ora aturan dhapuré.[2] Sanajan tau misuwur ing jamané, semèn made in Napoli iki wis ora diprodhuksi manèh.[2] Semèn iki ora diprodhuksi sawisé ambruké karajan Romawi, kurang luwih abad pertengahan nalika taun 1100-1500 M.[2] Semèn resèp ramuan pozzuolana iki wis ora diprodhuksi manèh.[2]
Sajarah
Sajeroning owah gingsiring pradhaban manungsa ing babagan wewangunan, kerep ana carita yèn para leluhur ing jaman biyèn bisa ngraketakè watu-watu kang gedhé mung nganggo putih endhog, ketan lan liya-liyané.[2] Nanging uga bisa yasa wewangunan kaya ta yasan-yasan kang fénomènal.[2] Contoné Candhi Barabudhur utawa Candhi Prambanan ing Indonésia, kreteg ing Cina kang miturut legendha mung nggunakaké ketan kanggo ngraketaké.[2] Saliyané iku ana uga kang nggunakaké aspal alam kaya ta ing pradhaban ing Mahenjo Daro lan Harappa ing India utawa wewangunan kuna kang tinemu ing Pulo Buton Bener lan orané, carita, legendha iku nuduhaké yèn semèn wis dikenal wiwit jaman biyèn.[2] Sadurungé nganti dadi wujud kang kaya saiki, kanggo nèmpèlaké lan ngraketaké wewangunan mung nggunakaké campuran watu kapur lan awu vulkanis.[2] Kang sepisanan tinemu ing jaman Karajan Romawi, panceré ing Pozzuoli, cerak teluk Napoli, Italia. Bubuk iku banjur dijenengi pozzuolana.[2] Ing abad kang kaping 18 (ana uga sumber kang nyebutaké kurang luwih taun 1700-an M), John Smeaton ya iku insinyur kang asalé saka Inggris nemu ramuan kuna kanggo ngraketaké material yasan iki.[2] Dhèwèké nggawé adhonan saka campuran watu kapur lan lemah lempung nalika nggawé lan yasa menara suar Eddystone ing pinggir pasisir Cornwall, Inggris.[2]
Kandhutan dat kimia
- Trikalsium silikat
- Dikalsium silikat
- Trikalsium aluminat
- Tetrakalsium aluminofe
- Gipsum
Jinis semèn
No.SNI | Jeneng |
---|---|
SNI 15-0129-2004 | Semèn portland putih |
SNI 15-0302-2004 | Semèn portland pozolan / Portland Pozzolan Cement (PPC) |
SNI 15-2049-2004 | Semèn portland / Ordinary Portland Cement (OPC) |
SNI 15-3500-2004 | Semèn portland campur |
SNI 15-3758-2004 | Semèn masonry |
SNI 15-7064-2004 | Semèn portland komposit |
Konsumsi lan Ekspor Semèn Indonésia
Taun | Konsumsi Nasional (sajeroning ton) | Ekspor(sajeroning ton) |
---|---|---|
1990 | 13.762.000 | 2.516.000 |
1991 | 15.513.000 | 1.041.000 |
1992 | 15.801.000 | 2.570.000 |
1993 | 17.804.000 | 1.409.000 |
1994 | 21.527.000 | 536.000 |
1995 | 23.979.000 | 154.000 |
1996 | 25.374.000 | 330.000 |
1997 | 27.940.000 | 801.000 |
1998 | 19.243.000 | 4.420.000 |
1999 | 18.769.000 | 5.108.000 |
2000 | 22.290.000 | 4.903.000 |
2001 | 25.530.000 | 5.750.000 |
2002 | 27.180.000 | 4.183.000 |
2003 | 27.528.000 | 3.073.000 |
2004 | 30.069.000 | 2.946.000 |
2005 | 31.433.000 | 3.289.000 |
2009 | 38.400.000[3] | |
2010 | 41.500.000[3]* | 3.000.000[4] |
2011 | 45.000.000[5] | 2.000.000[4]* |
2012 | 48.150.000[5]* |
- Sumber: Kanggo taun 1991 nganti 2005 saka Departemen Perindustrian, Direkterat Agro dan Kimia taun 2006
- Katrangan = (*): Predhiksi
Pabrik Semèn ing Indonésia
- Holcim Indonésia
- PT Indocement Tunggal Prakarsa (Semèn Tigaroda)
- PT Semèn Baturaja (Semèn Baturaja)
- PT Semèn Padang (Semèn Padang)
- PT Semèn Gresik (Semèn Gresik)
- PT Semèn Bosowa (Semèn Bosowa)
- PT Semèn Andalas (Semèn Andalas)
- PT Semèn Tonasa (Semèn Tonasa)
- PT Semèn Kupang (Semèn Kupang)
Cathetan suku
- ↑ semengresik.com(dipunundhuh tanggal 21 Juni 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l Cithakan:Dciputraentrepreneurship.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 21 Juni 2011)
- ↑ a b http://economy.okezone.com/read/2010/09/21/320/374357/2011-konsumsi-semen-diproyeksi-naik-10
- ↑ a b http://industri.kontan.co.id/news/produksi-semen-diprediksi-44-juta-ton-di-2011-1
- ↑ a b "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-03-11. Dibukak ing 2012-02-21.
{cite web}
: CS1 maint: archived copy as title (link)
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Cement. |