Susi Susanti

Susi Susanti
Katerangan pribadi
Jeneng jangkepLucia Francisca Susi Susanti
NagaraIndonesia
Dhuwur165 cm (5 ft 5 in)
Tangan sing dipigunakakékanan
Tunggal putri
Urut dhuwur dhéwé1

Lucia Francisca Susi Susanti utawa kondhang karo Susi Susanti (Hanzi: 王蓮香, Pinyin: Wang Lian-xiang, lair ing Tasikmalaya, Jawa Kulon, 11 Fèbruari 1971; umur 54 taun) iku juru main bulu tangkis Indonésia.[1] Pemain bulutangkis putri paling apik kang tau diduwèni Indonesia iki saktemené uwes seneng karo permainan bulutangkis awit lungguh ing bangku SD.[2] Panjurung wong tuwané ndadèkaké dheknen mantep dadi atlet bulutangkis.[2] dhèwèké iyo wiwit karir bulutangkis ing klub pak leké, PB Tunas Tasikmalaya.[2] 2

Sawisé latihan kira-kira 7 taun suwiné lan menangak kejuaraan bulutangkis tingkat junior, ing taun 1985 dhèwèké pindah menyang Ibu Kota Indonésia.[2] iku wektu isih kelas 2 SMP, tanapi wis mikir serius ing donya bulutangkis.[2] dhèwèké nikah karo Alan Budikusuma, bareng-bareng ngraih medali emas ning Olimpiadé Barcelona 1992. Saliyané iku, susi tau ngintuk medali perunggu ing Olimpiadé Atlanta 1996.[2]

International Badminton Federation (saiki Badminton World Federation) nalika wulan Mèi 2004 maringi penghargaan Hall Of Fame karo Susi Susanti.[2] Pemain Indonesia liyané kang intuk penghargaan Hall Of Fame ya iku Rudy Hartono Kurniawan, Dick Sudirman, Christian Hadinata, lan Liem Swie King.[2]

Prestasi[2]

  • Hall of Fame saka International Badminton Federation (IBF), Mèi 2004
  • Herbert Scheele Trophy, 2002
  • Medali Emas Olimpiade Barcelona, 1992
  • Medali Perunggu Olimpiade Atlanta, 1996
  • Juara Dunia ning World Championship, 1993
  • Juara All England kaping 4] (1990, 1991, 1993, 1994)
  • Juara Piala Uber kaliyan tim Uber Indonésia kaping 2 (1994 lan 1996)
  • Juara Piala Sudirman kaliyan tim nasional Indonésia, 1989
  • Juara World Badminton Grand Prix kaping 6 (1990, 1991, 1992, 1993, 1994 lan 1996)
  • Juara Indonésia Open kaping 6 (1989, 1991, 1994, 1995, 1996, lan 1997)
  • Juara Malaysia Open kaping 4 (1993, 1994, 1995, lan 1997)
  • Juara Japan Open kaping 3 (1992, 1994, lan 1995)
  • Juara Thailand Open kaping papat (1991, 1992, 1993, lan 1994)
  • Juara Dhènemarken Open kaping 2 (1991 lan 1992)
  • Juara China Taipei Open kaping 2 (1991 lan 1994)
  • Juara Koréa Open, 1995
  • Juara Dutch Open, 1993
  • Juara Swedish Open, 1991

Penghargaan[2]

  • The Badminton Hall of Fame, 2004
  • Tanda Kehormatan Republik Indonesia Bintang Jasa Utama, 1992

Pranala njaba

Cathetan suku

  1. [1] Archived 2011-01-15 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 10 juni 2011
  2. a b c d e f g h i j [2][pranala mati permanèn] dipununduh tanggal 10 juni 2011