Teuku Zacky
Teuku Zacky Azwar | |
---|---|
![]() | |
Bojo | Ilmira Usmanova |
Anak | Teuku Zio Zafiero Adam |
Teuku Zacky Azwar (lair ing Bandung, Jawa Barat, 23 Januari 1983; umur 42 taun.[1] Teuku Zacky iku artis sineron Indonésia.[1] Wong lanang katurunan Acèh iki nduwé awak kang dhuwuré 187 cm.[1] Teuku Zacky kerep main ing filem lan sinétron ing Malaysia.[1]
Karir
Zacky miwiti karir kanthi dadi modhel.[1] Sawisé iku Zacky banjur main filem lan sinétron.[1] Sinetron kang tau dibintangi Zacky ya iku Tujuh Tanda Cinta, Cowok-Cowok Keren, lan Gengsi Gede-Gedean.[1] Saliyané iku, Teuku Zacky uga tau dadi bintang ing filem kang digawé bareng karo bintang Malaysia.[1] Film iki judhulé Kayangan.[1]
Zacky uga tau mèlu teater Abang Thamrin Dari Betawi.[2] Ing pertunjukan arahan sutradara Mutiara Sani iki, Zacky duwé peran dadi tokoh nasional kang jenengé Husni Tamrin.[2]
Kauripan pribadi
Ing akir taun 2008, Zacky duwé ancang-ancang kanggo nikah karo salah sijiné modhél kang asalé saka Uzbekistan, jenenge ya iku Ilmira Usmanova.[1] Nalika tanggal 7 Januari 2010 Teuku Zacky lan bojone nduwé anak kang jenenge Teuku Zio Zafiero Adam.[1]
Filmografi
- Obama Anak Menteng (2010)
- Gong
- Kayangan
Sinematografi
- Gengsi Gede-Gedean
- Cowok-Cowok Keren
- Udin Pe-Ak
- Pelangi Harapan
- Tangisan Issabela (2009)
- Rama Dan Ramona (2010)
FTV
- Talak Tiga (main bareng karo Cut Mini)
- Siapa Bilang Cinta Itu Buta (2009)
Cathetan suku