Mendoan
Mendoan yakuwé panganan sing gawene kang témpé sing diiris tipis utawa témpé khusus sing bentukké tipis terus digoréng karo glepung sing disogi bumbu rempah. Glepung sing dienggo biasané glepung beras tapi cokan dicampur karo glepung trigu. Méh kabeh wilayah Banyumas ana panganan mendoan kiyé.
Cara gawene
Bahan
- 300 g tempe, iris ½ x 5 x 7 cm
- 75 g tepung beras
- 1 sdm tepung sagu
- 5 ler godhong kucai utawa godhong bawang, iris 1 cm
- lenga nggo nggoreng
Bumbu sing dialusna
- 3 iji kemiri
- ½ sdt ketumbar, disangan
- ½ ros driji kencur
- 2 iji bawang putih
- uyah secukupé
Carane
Campurna glepung karo bumbu rempah sing wis digerus. Tambahna banyu setitik titik nyambi terus diudek kosih rata. Ari padanen kurang encer, teyeng ditambaih banyu secukupe. Lebokna godong kucai, kudek-kudek kosih rata, terus tempe dicrubna siji-siji.
Goreng nganggo geni sing sedeng bae aja kegedhen (mbok geseng) kosih mateng karo kelire mandan kuning kecoklatan.
Pranala njaba
mBalik ming: Panganan Banyumasan