Jajahan jaban rangkah Prancis


Artikel iki bagéan saka seri bab:
Pamérangan Administratif Prancis

(klebu: Region jaban rangkah)

(klebu: Departemen jaban rangkah)

Arrondissement
Canton
Intercommunality

Komunitas kutha
Komunitas Aglomerasi
Komunitas komun
Klompok ''Aglomerasi'' anyar

Komun

Associated communes
Municipal arrondissements

Liyané ing Prancis Jaban rangkah

"Kolèktifitas jaban rangkah"
Sui generis kolèktifitas
"Negara jaban rangkah"
Teritori jaban rangkah
Pulo Clipperton

Jajahan jaban rangkah (Prancis: collectivité d'outre-mer utawa COM), kaya region Prancis (Basa Prancis: régions), sakabèhané, minangka tahap pisanan pamérangan administratif Prancis. Jajahan jaban rangkah Prancis nyakup sawatara tilas tèritori jaban rangkah Prancis lan entitas jaban rangkah Prancis liyané kanthi status tinamtu, kabèh dijenengi collectivité d'outre-mer déning reformasi konstitusi tanggal 28 Maret 2003.

Ing tanggal 31 Maret 2011, ana lima jajahan jaban rangkah Prancis:

  • Polinésia Prancis, kanthi otonomi dhuwur. Rong manifèstasi simbolis ing bab iki ya iku sesebutan Présidhèn Polinesia Prancis (Le président de la Polynésie française) lan panetepan tambahan tèritori iki minangka siji nagara jaban rangkah (pay d'outre-mer). Legislatur: Majelis Polinésia Prancis.
  • Saint Barthélemy, siji pulo di Kapuloan Antilles Kecil.
  • Saint Martin, pérangan lor pulo Saint Martin ing Kapuloan Antilles Kecil.
  • Saint Pierre lan Miquelon sakumpulan pulo ing Samodra Atlantik lepas pasisir Newfoundland, Kanada. Entitasé duwé dewan tèritorial.
  • Wallis lan Futuna, telu pulo cilik ing Samodra Pasifik lan minangka siji-sijiné pérangan Prancis sing ora ana sing ndunungi lan ora kapérang dadi komun.

Uga delengen

Pranala njaba