Oktober 2011
Prastawa
23 Oktober 2011 Présidhèn Argentina Cristina Fernández de Kirchner kapilih malih kanggé mangsa kalungguhan kaping kalih.
20 Oktober 2011 Pamimpin Libya Muammar al-Qaddafi (foto) tiwas wonten ing salebeting panyerbuan ing Sirte, Libya.
16 Oktober 2011 Casey Stoner tampil minangka juwara donya MotoGP 2011 sasampunipun kasil mimpangaken balapan ing negarinipun, Phillip Island, Ostrali.
9 Oktober 2011 Sebastian Vettel dipunesthèkaken dados juwara donya pembalap Formula Setunggal kanggé ingkang kaping kalihipun.
7 Oktober 2011 Maria Selena saling Jawi Tengah kapilih dados Putri Indonésia 2011.
7 Oktober 2011 Tigang jalmi wanita, Ellen Johnson-Sirleaf, Leymah Gbowee (Liberia) lan Tawakkul Karman (Yaman) mimpangaken Bebungah Nobel Bedhamèn 2011
Ugi pirsani