Sosis

Jinising sosis saka bahan utama
Prosès gawé sosis
Sepiring sosis

Sosis yaiku daging kang wis digiling lan wis dicampur bumbu-bumbu, lemak, bahan pengiket, bahan pengisi, banyu, irisan bawang, ndhog, lan bahan-bahan liya. Kabèh bahan mau banjur dilebokake ing selongsong(casing) banjur dijiret ing pucuke lan langsung digodhog.[1]

Sajarah

Jeneng sosis asalé saka basa Latin “Salsus”, tegesé diasike utawa diawetke. Jaman biyèn, nalika mesin pendingin durung tinemu kanggo ngawétake daging, mula nggawé sosis dadi salah siji alternatif.[2] Dinuga sosis digawé déning wong Sumaria (saiki Irak) udakara taun 300 SM. Sosis sing kapisan dikenali saka dhokumèn Yunani kang katulis udakara taun 500 SM. Ing perkembangane sosis saiki dadi pangan kang populer ing donya, kanthi Jerman dadi kiblate. Sosis kanggo wong Jerman yaiku kalebu panganan primer lan luwih saka1200 macem sosis digawé.[2] Pertamane sawijining tukang daging kang pinetr duwé ide kanggo nyampur daging giling karo uyah lan bumbu – bumbu kang dilebokake ing selongsong. Banjur selongsong daging mau dimasak kanthi digodhog, diasep, utawa digaringaké. Pengasapan dadi salah siji metode pengawétan kang populer tekan saiki.[2]

Jinis-jinisé

Jinise sosis yaiku:

  • Cooked Sausage, digawé saka daging seger kang banjur dimasak / digodhog. Sosis jinis iki racaké dipangan langsung sawisé dimasak utawa manawa disimpen mula dipanaske sadurungé dipangan. Contho sosis jinis iki yaiku sosis Veal, Braunschweiger.
  • Cooked Smoked Sausages, meh padha karo Cooked Sausage, nanging sawisé digodhog banjur sosis diasap utawa diasap nembé digodhog. Sosis jinis iki bisa dipangan panas utawa adhem, nanging disimpen ing kulkas, conthone Wiener, Kielbasa utawa Bologna.
  • Fresh Sausage, digawé saka daging seger. Sosis jinis iki kudu diadhemke lan dimasak sadurungé dipangan. Conthone Fresh Beef sausage
  • Fresh Smoke Sausage yaiku Fresh Sausage kang diasep. Sosis iki uga kudu diadhemke lan dimasak sadurungé dipangan. Conthone Mettwurst.
  • Dry sausage, yaiku Fresh sausage kang digaringaké.Sosis jinis iki racaké dipangan ing kaanan adhem lan diadhemke ing wektu suwé.[3]

Prosès

Prosès dilakukake kanthi ngiris daging gedhene sak tlapak tangan (10X10X2 cm) lan diolesi uyah lan campuran gula (1%), garam kristal NaNO2 utawa KNO2 (7,5 gram kanggo 50 kg daging) banjur sodium aritrobat akèhé 22,5 gram kanggo 50 kg daging. Curing dilakokake ing suhu 2 – 4 0C suwéné sakdino sakwengi. Nalika gawé adonan dilakukake pencincangan, mènèhi bumbu-bumbu kaya uyah, gula pasir, bawang putih, merica, sendawa, masako, Sodium Tripoliphosphat (STPP), binding, lan filling. Banjur daging dilebokake ing selongsong. Selongsong umum digawé saka usus sapi, kambing, domba, lan babi.[1]

Aji Gizi

sosis ngandhut gizi kang cukup dhuwur, nanging kandhutan kolesterol sosis uga dhuwur lan bisa nyebabke hipertensi. Apamaneh kandhutan uyah sosis uga dhuwur.[4]

Ketentuan Mutu

Ketentuan mutu sosis saka Standar Nasional Indonesia (SNI 01–3820-1995) yaiku: kadar banyu maksimal 67 persèn, abu maksimal 3 persèn, protéin minimal 13 persèn, lemak maksimal 25 persèn, lan karbohidrat maksimal 8 persèn.[5]

Cathetan suku

  1. a b [1] Sosis (diaksés tanggal 28 Juli 2011)
  2. a b c www.facebook.com Sosis (diaksés tanggal 26 Juli 2011)
  3. archive.kaskus.us[pranala mati permanèn] Sosis (diaksés tanggal 26 Juli 2011)
  4. [2] Archived 2011-07-30 at the Wayback Machine. Sosis (diaksés tanggal 28 Juli 2011)
  5. [3] Sosis (diaksés tanggal 28 Juli 2011)

Deleng uga

Pranala njaba