Yunani kuna

Parthenon minangka simbul budaya Yunani kuna

Yunani kuna tegesé pèriode Sajarah Yunani ing Èra Klasik, kang yakuwi wiwit saka 750 SM[1] (pèriode archaic) nganti 146 BC (panaklukan Romawi). Jaman iki dianggep dadi budaya seminal (nggawa owah-owahan) kang dadi dhasaré peradaban bangsa kulon. Budaya Yunai duwé prabawa kang kuwat tumrap Kakaisaran Romawi, kang nggawa kabudayan iki menyang Éropa.

Peradaban Yunani kuna duwé prabawa wigati marang basa, pulitik, sistem pendhidhikan, filsafat, sains, lan seni, mbangkitaké Renaissance ing Éropa Kulon lan kabangkitan ing sajeroning mangsa Neoklasik ing abad ka-18 lan ka-19 ing Éropa lan Amérika.

Uga delengen

  • Seni Yunani kuna
  • Agama Yunani kuna
  • Musik Yunani kuna

haha

Bibliografi

  • Charles Freeman (1996). Egypt, Greece and Rome. Oxford University Press.
  • Paul MacKendrick (1962). The Greek Stones Speak: The Story of Archaeology in Greek Lands. St. Martin's Press.

External links

Cithakan:Èra klasik

Pratuduh rujukan

  1. standard tanggal yakuwi 776 SM utawa Olimpiade kapisan. Ana kang njembaraké pèriode nganti 1000 SM kalebu Invasi Dorian lan Yunani jaman pepeteng.