Ankylosaurus

?
Ankylosaurus

Ankylosaurus
Klasifikasi Ilmiah
Regnum: Animalia/Sato Kewan
Filum: Chordata
Kelas: Sauropsida
Ordo: Ornithischia
Genus: Ankylosaurus

Prakata

Ankylosaurus kuwe dinosaurus sing duwe perlindungan alami, nang awake akeh duri-duri gede sing landep. Kewan purba kiye nduwe 4 sikil, sing mburi lewih gede, gulune cendhek, duwe tengkorak sing amba ning otake cilik, ora imbang karo tengkorake. Kewan kiye diarani Ankylosaurus dening Barnum Brown taun 1908.

Ukuran

  • Dawa: ± 7.5 ngantek 10.7 meter
  • Amba: ± 1.8 meter
  • Dhuwur: ± 1.2 meter
  • Abot: ± 3 ngantek 4 ton

Masa Urip

Ankylosaurus kuwe jenis ankylosaurids terakhir uga sing paling gede. Uripe nang akhir jaman Cretaseus kuwe kira-kira 70 - 65 juta taun gemiyen. Ankylosaurus uga karo kabeh dinosaurus liyane (kecuali bangsa manuk) kuwe punah dong jaman Cretaceus-Tersier utawa ± 65 juta taun gemiyen (waca: Teori kepunahan dinosaurus).

Penemuan Fosil

Fosil Ankylosaurus ditemokna nang negara bagian Montana (Amerika Serikat) karo nang Alberta (Kanada) ning jejak-jejak kewan kiye jere uga ana nang wilayah Sukre (Bolivia).


mBalik ming:

Dinosaurus