C kuwe aksara ketelu nang alfabet Latin. Nang basa Indonesia, aksara kiye disebut ce angger nang basa Inggris disebut cee, dewaca[siː].[1] Nang basa Latin, aksara kiye nglambangna fonem /k/, konsonan letup langit-langit belakang tak bersuara, angger nang basa Indonesia lan Melayu aksara kiye nglambangna fonem /tʃ/, konsonan gesek pascarongga-gigi tak bersuara.
Sejarah
Proto-Semitik gaml→
Fenisia gimel→
Yunani Kuno gama→
Yunani Modern gama→
Etruska C →
Latin Kuno C →
Latin Modern C
‹C› lan ‹G› asale sekang aksara sing padha. Bangsa Semit njenengine gimel (Arab: jim). Lambange diadaptasi sekang hieroglif Mesir sing bentuke umban tongkat, sing dadi arti sekang jeneng gimel kuwe. Kemungkinan liyane yakuwe aksara kuwe nggambarna unta, sing nang rumpun basa Semit disebut gamal.
↑"C" Oxford English Dictionary, 2nd edition (1989); Merriam-Webster's Third New International Dictionary of the English Language, Unabridged (1993); "cee", op. cit.