Banchan utawi panchan punika dedhaharan tambahan wonten ing tradhisi olah-olahan Koréa. Manéka warna jinising Banchan dipuncawisaken wonten ing piring-piring alit nalika badhé dipunrahapi. Salah satunggaling jinis saking Banchan ingkang paling umum punika Kimchi. Banchan punika dipuncawisaken mawi porsi ingkang alit kanthi ancas supados langsung telas nalika dipundhahari. Sansaya resmi satunggaling pasamuan, pramila sansaya kathah ugi banchan ingkang dipuncawisaken. Tinandhing kaliyan wewengkon sanèsipun, jinising banchan ingkang dipuncawisaken ing Provinsi Jeolla punika langkung kathah warninipun.
Manéka warna Banchan
Kimchi
Kimchi punika manéka sayur ingkang dipundamel fèrmentasi. Ing antawisipun jinising kimchi ingkang paling kondhang inggih punika kimchi sawi putih (baechu kimchi).
Jeon punika sebatan kanggé manéka dhaharan ingkang dipun-gorèng ing wajan.[9] salah satunggaling jinis jeon ingkang paling kondhang inggih punika Buchimgae (adonan tepung terigu lan sayuran ingkang dipun-goreng tipis kadosdéné panekuk). Wonten ing Jepang, Buchimgae dipunwastani chijimi ingkang asalipun saking nama dhaharan ing dhialèk Gyeongsang (jijimi).
Jeneng
Jeneng Koréa
Wedharan
Pajeon
(파전)
panekuk isi ron bawang, lan saged dipundamel tanpa ngginakaken tepung terigu (namung tigan ayam lan ron bawang).[9]