Guksu

Guksu
Bibim guksu, jinis bakmi Koréa
Jeneng Koréa
Hangul국수 atau 면
Hanjatidak ada untuk guksu,
Alihaksara Koréa Kang Sinampurnaguksu atau myeon

Guksu utawi myeon utawi jinis mi, minangka salah satunggaling makanan pokok Koréa ingkang kadamel saking glepung gandum, glepung wos, pati, kenthang, lsp.[1]

Bahan-bahan mi

Naengmyeon

wonten ing masakan Koréa, mi kadamel saking warna warni bahan, inggih punika:

  • Dangmyeon (당면; sohun) – kadamel saking pati, tela, utawi kenthang.
  • Memil guksu (메밀국수) – mi ingkang kadamel saking buckwheat, ugi dipunwastani soba Koréa minangka mi ingkang kas asli dataran inggil ing provinsi Gangwon.
  • Gamja guksu (감자국수) – mi ingkang kadamel saking campuran pati kenthang, glepung wos, saha glepung ketan.
  • Gamjanongma guksu (감자농마국수) – mi kas saking provinsi ingkang kadamel saking Hwanghae kang wujudipun kenyal.
  • Somyeon – mi ingkang kadamel saking gandum ingkang ukuranipun tipis.
  • Dotori guksu – mi ingkang kadamel saking glepung acorn.
  • Chilk guksu (칡국수) – mi ingkang kadamel saking pati kudzu saha glepung buckwheat.
  • Ssuk kalguksu (쑥칼국수) – mi ingkang kadamel saking gandum saha Artemisia princeps.
  • Hobak guksu (호박국수) – mi ingkang kadamel saking campuran gandum saha Labu.
  • Kkolttu guksu (꼴뚜국수)-mi ingkang kadamel saking campuran buckwheat saha glepung gandum.
  • Cheonsachae – mi bening ingkang kadamel saking ekstrak jelly sasampunipun bethak kombu saha dipuncampur kaliyan bahan glepung wos saha sari pati.[1]

Variasi

Banchan

Japchae
  • Japchae – ingkang kadamel saking dangmyeon (sohun) saha dipunthugel kaliyan bahan sayuran saha daging sapi.

Masakan mi saking Cina

Jjampong
  • Jajangmyeon – mi ingkang kandhel ingkang dipunsajikaken kanthi saus kedele cemeng.
  • Jjamppong (짬뽕) – bakmi ingkang toyanipun pedhes.

Mi toya panas

Kalguksu
  • Janchi guksu – mi ingkang dipunsajikaken kanthi kaldu iwak, tosan sapi utawi kombu.
  • Kalguksu – bakmi ingkang dipunsajikaken kanthi kaldu iwak saha sayuran.
  • Gomguksu (곰국수) – bakmi kanthi kaldcu tosan.[1]

Mi Anyep

  • Bibim guksu – mi ingkang dipunsajikaken kanthi toya saus gochujang saha cuka, kanthi topping tigan rebus, timun saha kimchi.
  • Makguksu – mi saking buckwheat minangka masakan saking provinsi Gangwon.
  • Naengmyeon – mi tipis saking buckwheat ingkang dipunsajikaken kanthi toya kaldu sapi anyep saha sayuran, tigan saha daging sapi, masakan kas saking Koréa Utara.
  • Bibim naengmyeon-"bakmi anyep campur" minangka naengmyeon tanpa toya ingkang dipunsajikaken kanthi saus gochujang.
  • Jjolmyeon (쫄면) – kados ta bibim naengmyeon nanging wujudipun langkung kenyel.
  • Milmyeon (밀면) – bakmi anyep saking Busan kados ta bibim naengmyeon.
  • Kongguksu – bakmi toya anyep susu kedele.
  • Jatguksu (잣국수) – mi buckwheat kas kutha Gapyeong, Gyeonggi, ingkang dipunsajikaken kanthi kaldu kang kadamel saking kacang cemara.
  • Dongchimi guksu (동치미국수) – mi gandum utawi buckwheat ingkang dipundhahar kanthi toya anyep.

dongchimi.[1]

Mi instan

Bibim Guksu raos kang utami saking saos, ingkang gadhah raos pedhes manisa saha asem, saha aroma saking lenga wijen. Bibim Guksu punika masakan korea ingkang misuwur rikala mangsa panas ing Koréa.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d jinis Guksu (dipununduh 10 nopember 2012)
  2. Pangginaan Guksu (dipununduh 10 nopember 2012)

Pranala njaba

in:Guksu