Salad woh

Salad woh
Salad woh werna-warni
AjanganPanutup
Hawa ajanganAnyep
Woworan pokokWoh, Yogurt, Susu
VariasiIsèn-isèn lan duduh
Katerangan liyanéJajanan
Buku masakan: Salad woh  Médhia: Salad woh

Salad woh sing kawentar kanti jeneng salad buah ya iku panganan sing adhedhasar woh-wohan sing dicampur karo duduh cuwèr. Nyamikan iki luwih nyehataké amarga ngandhut woh-wohan sing dadi sumber vitamin ing awak. Mliginé wong sing lagi diet ngganti pola mangané. Racaké bakul salad woh njajakaké dagangané ing mangko plastik cilik.

Cara nggawé

Piranti sing dicepakaké

Woh-wohan

Woh-wohan sing dieanggo bisa miturut kasenengan kaya déné:

  • Apèl 2 woh
  • Bengkowang 2 woh
  • Strobèri 5 wiji
  • Anggur 7 wiji
  • Melon ¼ woh
  • Semangka ¼ woh
  • Kiwi 1 wiji
  • Woh naga 1 wiji
  • Jeruk 1 oncèk wiji
  • Pir 1 wiji
  • Katès ½ wiji
  • Pelem 1 wiji
  • Ager-ager rasa apa waé
  • Nata de coco 1 wadhah
Salad woh ing tembor

Duduh cuwèr

  • Susu kenthel legi 10 sèndhok pangan
  • Yogurt 10 sèndhok pangan
  • Mayonès 7 sèndhok pangan
  • Sirup miturut kasenengan
  • Kèju parut 7 sendhok pangan

Cara ngolah

  1. Capuraké susu, mayonès lan yogurt lan udhak nganti rata.
  2. Rajang woh-wohan lan ager-ager dadi kothak cilik-cilik.
  3. Delehaké woh, nata de coco lan ager-ager ing wadhah wadhah.
  4. Suntak duduh cuwèr lan udhak-udhak nganti rata.
  5. Kepyuri kèju parut lan salad woh bisa dipangan.

Pranala njaba

Resèp masak salad woh Archived 2020-03-03 at the Wayback Machine.

Videyo masak salad woh